Kamis, 29 Maret 2012

Tembang Dolanan (B.jawa)

CUBLAK-CUBLAK SUWENG

Cublak-cublak suweng
Suwengé ting gulèndhèr
Mambu ketundung gudhèl
Pak jempol léda ledé
Sapa nggawa ndelikaké
Sir..sirpong dhelé gosong
sir Sirpong dhelé gosong


GAMBANG SULING

Gambang suling
ngumandhang swarané
Tulat tulit kepénak uniné
Uniné mung nrenyuhaké
Bareng lan kentrungé
Tipung suling
Sigrak kendhangané





GUNDHUL PACUL

Gundhul gundhul pacul cul gembèlèngan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembèlèngan
Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan




ILIR-ILIR

Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir
Tak ijo royo-royo..
taksengguh temantèn anyar

Cah angon.cah angon..
pènèkké blimbing kuwi
Lunyu-lunyu ya pènèken
kanggo masuh dodotira

Dodotira dodotira
kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana
kanggo séba méngko soré

Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané

Ya suraka..surak horéé..



JAMURAN

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
Sira mbadhé jamur apa



JAGOAN

Jagoan, jagoan,
Jagoné jago katé angèrèki sandhang lawé,
Yong - yong sé sota saté,
Yong - yong sé sota saté,
Pari ayam solahé ana ngembanan,
Dhing tung dhangdhut, dhang dhit èrèk
Dhing tung dhangdhut, dhang dhit èrèk
Balur-balur sibalur i-kan ginantang,
Dhing tung dhangdhut, dhang dhit èrèk
Dhing tung dhangdhut, dhang dhit èrèk
Dhing tung dhangdhut, dhang dhit èrèk.


JARANAN

Jaranan-jaranan jarané jaran tèji
Sing nunggang bapak bèi
Sing ngiring para mantri
Jèg jèg nong..jèg jèg gung
Prok prok turut lurung

Gedebug krincing gedebug krincing
Prok prok gedebug jedhèr

Gedebug krincing gedebug krincing
Prok prok gedebug jedhèr


KATÉ DIPANAH

Té katé dipanah ndlusup-ndlusup ngisor glagah
Ana manuk ondé-ondé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé



KIDANG TALUN

Kidang talun mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si kidang mangan lembayung

Gajah belang saka tanah sabrang
Nuk regunuk nuk regunuk
Si gajah lèmbèhan tlalé


KUPU KUWI

Kupu kuwi dak incupé
Mung aburmu ngèwuhaké
Ngalor ngidul ngétan bali ngulon
Mrana-mréné mung saparan-paran
Sapa bisa ngincupaké
Mentas ménclok cegreg
Nuli mabur bleber



LÉLA LÉDHUNG


Tak léla léla léla lédhung,
Cup menenga aja pijer nangis
Anakku sing ayu rupané
Yèn nangis ndhak ilang ayuné


Tak gadhang bisa urip mulya
Dadia wanita utama
Ngluhurké asmané wong tuwa
Dadia pendhékaring bangsa

Cup menenga anakku
Kaé mbulané ndadari
Kaya buta nggengirisi

Lagi nggolèki cah nangis

Tak léla léla léla lédhung
Cup menenga anakku cah aju
Tak emban nganggo sléndhang kawung
Yèn nangis mundhak gawé bingung









MÉNTHOK-MÉNTHOK

Ménthok ménthok dak kandhani
Mung lakumu angisin-isini
Ambok aja ngétok
Ana kandhang baé
Pénak-pénak ngorok
Ora tandhang gawé

Ménthok-ménthok mung lakumu
Mégal-mégol gawé guyu



MONTOR-MONTOR CILIK

Montor-montor cilik sing numpak mblenger
Lungguh teklak-tekuk turu senggar-senggur
Mak gredeg tekan kreteg
Ana grobak mandeg grobaké isi babi
Babiné senggrak-senggrok
Montoré muni ngak ngok
Ngok grok ... ngok ngok grok grok






NALAJAYA

Dhempo talu tamèng
Nalajaya numpak cèlèng
Keris bengkung tumbak bengkung
Nalajaya ditelikung
Cièt..cièt Nalajaya tiba bencèt 
PADHANG BULAN

Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré


PENDHISIL

Pendhisil..pendhisil pendita leng ulengan
Gedebug jaran tiba lurung
Léngkong sekati léngkong
Anakmu digondhol uwong
Kari ndomblong sapolahé-sapolahé
Nalajaya bang buntuté
Katé lara ngombé
Waniné cedhak omahé
Dong dong dong brus
Sapa kari kempas-kempus




SLUKU-SLUKU BATHOK

Sluku-sluku bathok
Bathoké éla-élo
Si rama menyang Solo
Lèh-olèhé payung mutha
Pak jentit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yèn obah medèni bocah

SARSUR KULONAN

Sar sur kulonan
Mak..mak gemaké
Mak..mak gemaké

Rétété dak undangé
Rétété dak undangé
Yèn kecandhak dadi gawé
Adhi mesthi mati

Aku ora wedi
Dak bedhile mimis wesi
Trongtong trong tong dhor










SRENGÉNGÉ NYUNAR

Ing wayah ésuk jagoné kluruk
Ramé swarané pating kemruyuk
Adhuh senengé sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari

Srengéngé nyunar ngulon parané
Manuké ngocèh ana wit-witan
Pathing cemruwit seneng atiné
Katon asri ndonya saisiné




TAMBA ATI

Tamba ati iku ana limang perkara
Kaping pisan, maca Qur'an sakmaknané
Kaping pindho, sholat wengi lakonana
Kaping telu, wong kang sholèh kumpulana

Kaping papat, wetengira ingkang luwé
Kaping lima, dzikir wengi ingkang suwé
Salah sawijiné sapa bisa ngelakoni
Insya Allah Gusti Pangéran ngijabahi




TOKUNG-TOKUNG

Tokung-tokung
Angon bèbèk pinggir delanggung
Sing ngadhangi kaki sekti mandraguna
Aré tokung tokung tak aré aré wèk wèk
Aré tokung tokung




Tidak ada komentar:

Posting Komentar